tempat mencari beberapa materi pelajaran

Artikel (Bahasa Jawa)

Artikel (Bahasa Jawa)

ARTIKEL [bahasa jawa] 
http://adf.ly/1YkPn9


1. Pangertosan Artikel
    Artikel inggih menika salah satunggaling karya jurnalistik ingkang wosipun (isi) ngudhari salah satunggaling perkawis ing masyarakat. ingkang nyerat artikel inggih menika para ahli, freelance (tiyang ingkang nyerat ing media ananging mboten kaiket medianipun), saget udi para wartawan. Karya jurnalistik wosipun gagasan ingkang langkung subyektifitas utawi miturut pengalamanipun panyerat piyambak. Karya jenis menika ing ariwarti (majalah) kalebet ing kolom artikel/opini utawinipun seratan bab : Pralambang kabudayan, upacara adat, kesenian, kasarasan, obat-obatan, lsp.

2. Jinising Seratan
  a. Cariyos ( Narasi)
       Inggih menika nyariyosaken salah satunggaling kawontenan, barang, tatacara, lsp. Tuladhanipun:
     Dongeng, legenda, fabel, mitos, lsp.
  b. Gegambaran (Deskripsi)
       Inggih menika nggambaraken kawontenanipun barang, swasana, kadadosan, lsp. Tuladhanipun :
     Seratan bab papan wisata parangtritis.
  c. Paparan (Eksposisi)
       Inggih menika ngandharaken utawi maparaken satunggaling maksud ancas utawi samubarang
      sanesipun. Tuladhanipun : Caranipun ndamel tempe, caranipun ndamel gula aren.
  d. Penggalihan (Argumentasi)
       Inggih menika ngandharaken gagasan-gagasan ingkang dipun kantheni katrangan-katrangan
     adhedhasar pawadan-pawadan kangge nyaruwe (mengukngkapkan), nampik menapa nggiyataken
     penggalihan. Tuladhanipun : Pangaribawanipun formalin ing bakso, nglestantunaken kabudayan
     jawi.
  e. Ajakan (Persuasi)
       Inggih menika seratan ingkang wosipun ngajak-ajak tiyang sanes supados tuwuh kwyakinan
     satemah sarujuk saha nyengkuyung gagasanipun ingkang nyerat. Tuladhanipun : Iklan, slogan, poster,pengaosan agami, lsp.



3. Caranipun ndamel artikel
      1) Nemtokaken tema utawi topik ingkang badhe kaserat. Prayoginipun topik ingkang inggal.
      2) Nemtokaken media menpa lan pundi ingkang badhe mahyakaken karya menika (awit saben media nggadhahi paugeran piyambak-piyambak.
      3) Nemtokaken irah-irahan.
      4) Pados bahan-bahan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan tema, langkung sae dipunkantheni (dikeki) gambar/foto.
      5) Ndamel cengkorongan (kerangka) artikel, saben cengkorongan dipun racik wosipun.
      6)Mekaraken cengkorongan dados seratan ingkang wetah.
      7) Basa ingkan dipunginakaken ringkes lan mentes.
      8) Ukaranipun prasaja, nanging runtut supados pamaos mboten bingung.
      9) Antawisipun tema, irah-irahan, lan isi kedah sambung.
      10) Mboten ajrih (wedi), lingsem (isin), mutung menawi seratan ingkang dipunkentun kentun ing media mboten kapacak.

mekaten mugi bermanfaat,



share this article to: Facebook Twitter Google+ Linkedin Technorati Digg
Posted by Unknown, Published at 10:34:00 PM and have 3 komentar

3 komentar:

  1. Casino, Slots, Table Games - JT Hub
    JT Sports has the best LIVE Table 천안 출장샵 Games at the 의왕 출장마사지 JT Sports casino in Carson City, Nevada. With 김천 출장마사지 live dealers, 원주 출장샵 live 통영 출장안마 dealers and a wide variety of sports

    ReplyDelete