tempat mencari beberapa materi pelajaran

Tembang Macapat

Tembang Macapat

A. Tegesipun Tembang Macapat
http://adf.ly/1YkPdT

        Miturut Sadjio Prawiro Disastra ing bukunipun "Apresisasi Seni Tembang", wonten kempalan pepanggih tegesipun tembang macapat. Antawisispun :
1. Tembang macapat saking tembung maca lan pat, tegesipun pamaosipun papat-papat. Anggenipun maos saben gatranipun kapunggel papat wanda (suku kata).
2. Tembang macapat saking tembung mancapat, tegesipun papat kiblat 5 pancer.
3. Tembang macapat tegesipun maosipun kedah cepet.
4. Tembang macapat saking tembung mancapat, manca saking tembung panca (5) lan pat saking tembung arpat (perkara). Dados macapat dipun tegesi kempalipun 5 perkawis, yaiku: legena, kulu, suku, taling, taling tarung ingkang minangka guru lagunipun.
5. Tembang macapat saking tembung macakap, tegesipun maca lan cakepan.
6. Tembang macapat saking tembung maca lan mat, mat saking tembung walandi (belanda) ingkang tegesipun wirama. Dados macapat ateges maca kanthi mat / kanthi wirama lan rasa.

B. Peranganipin tembang macapat/bagian :
1. Wanda   : Peranganing tembung ingkang mungel sakecap (suku kata).
2. Gatra     : Larikan (baris).
3. Pada      : Andegan (bait).
4. Pupuh    : Yaiku tembak sak pupuh ateges saktembang utawi sak jenis tembang. Sak pupuh saged kadadosan saking pinten-pinten pada.
5. Cakepan : Tetembungan ingkang kaginakaken ing tembang (lirik).

C. Peugeran :
1. Guru gatra        : Cacahing larik saben sapada.
2. Guru wilangan : Cacahing wanda saben sagatra (suku kata)
3. Guru lagu         : Tibaning swara ing pungkasaning gtara.

D. Jinising tembang macapat
      Jinising tembang macapat wonten 11, ingkang nggambaraken uriping manungsa saking lair dumugi seda :
1. Mijil                  : Bayi ingkang lair.
2. Kinanthi            : Dituntun/kanthi, tegese dituntun supados saged mlampah nindakaken gesang ing alam donya.
3. Sinom                : Kanoman, minangka kalodhangan ingkang wigatos tumrapipun tiyang enom supados saged ngansu kawruh sakathah-kathahipun.
4. Asmaradana      : Ateges raos tresna, tresna dateng sanes (jaler saha setri saha kosok wangsulipun) ingkang sedaya kalawau sampun dados kodrat illahi.
5. Gambuh            : Ateges jumbuh/sarujuk ingkang tegesipun menawi antawisipun kakung saha estri ingkang sampun sami-sami nggadahi raos tresno supados saged gesang bebrayan.
6. Dhandhanggula : Tiyang menika nembe raos remen , punapa ingkang dipun gayuh kasembadan/duwe rasa seneng.
7. Maskumambang : Mikirake antarane donya lan akhirat.
8. Durma                 : Saking tembung darma, tegesipun bilih manungsa menika sampun rumaos kecukupan, banjur tuwuh raos welas asih marang kadang mitra sanesipun ingkang sawek nandang ktresnan, pramila banjur tuwuh raos kekarepan darma/weweh marang sapadha-padha dipun sempuyuh saking agami, watak, sosial.
9. Pangkur              : Pungkur, tegesipun nyingkiri hawa nafsu angkara murka, ingkang dipun penggalih lelajengan tansah weweh dateng sesami.
10. Megatruh          : Saking tembung megat ruh/rohipun dipegat.
11. Pocung              : Sampun dados mayit lajeng dipun bungkus ngginakaken kain kafan.

    Mekaten, mugi-mugi bermanfaat.



share this article to: Facebook Twitter Google+ Linkedin Technorati Digg
Posted by Unknown, Published at 12:34:00 AM and have 0 komentar

No comments:

Post a Comment