tempat mencari beberapa materi pelajaran

Tembung Garba

Tembung Garba

   Tembung garba
http://adf.ly/1YkPgN

   miturut wikipedia yaiku tembung kang asline seka tembung loro (2) utawa luwih kang dadi wujud anyar. Utawa Tembung Garba yaiku tembung loro sing diringkes. Tembung garba lumrahe ana ing tembang kanggo ngoyak guru wilangan.
 Tembunggarba ana telung warna yaiku :
1. Tembung garba sutrawam : yaiku tembung garba sing oleh aksara w. Tuladha: :
malbweng = malebu + ing
munggweng = munggu + ing (tg. manggon ing)
2. Tembung garba sutraye : yaiku tembung garba sing oleh aksara y (ya). Tuladhane :
sedyarsa = sedya + arsa (tg. tujuane, karepe)
sugyarta = sugih + arta. (tg. sugih dhuwit )
3. Tembung garba warga ha: yaiku tembung garba sing ora kalebu ing lelorone iku. Tuladha:
narenda = nara + endra. (tg. wong sing pangwasane kaya bathara endra, ratu)
narpendah = narpa + endah (tg. ratu sing ayu ).

Tuladhane Tembung Garba
No. Tembung Garba Asale Tembung
1. Aglis Age + gelis
2. Aneng Ana + ing
3. Araneki Arane + iki
4. Bisoncat Bias + oncat
5. Dadyajat Dadi + ojat
6. Dadyawuh Dadi + ewuh
7. Dhemenyar Dhemen + anyar
8. Doreng Dora + ing
9. Dupyarsa Dupi + arsa
10. Jalwestri Jalu + esrtri



share this article to: Facebook Twitter Google+ Linkedin Technorati Digg
Posted by Unknown, Published at 12:31:00 AM and have 0 komentar

No comments:

Post a Comment