miturut wikipedia yaiku rong tembung utawa luwih kang digandhèng dadi siji ngliwati sawijining prosès morfologi. Prosès morfologi ya iku prosès owah-owahan saka morfem dadi polimorfem, sing nduwèni kategori lan makna wutuh, saéngga polimeorfem iku disebut tembung. Jroning basa Jawa, ana telung prosès morfologi sing disinaoni, ya iku: prosès wuwuhan (pengimbuhan), prosès rangkep (pengulangan), lan prosès camboran (pemajemukan). Prosès camboran (pemajemukan) ya iku prosès panggabungan morfem dhasar, sing biasa digabung ya iku lingga karo lingga liyané. Camboran dipérang dadi loro, ya iku: camboran wutuh lan camboran udhar. Camboran wutuh minangka camboran sing konstruksiné digabung, saéngga ngasilaké siji makna. Déné camboran udhar arupa camboran sing konstruksiné kapisah lan maknané isih digabung, saliyané iku unsuré isih bisa digolèki.
Tembung camboran dibedakake dadi 2, yaiku :
·
Tembung camboran manut wujude, yaiku ana 2 :
1. Tembung camboran
wutuh, yaiku tembung camboran kang dumadi saka tembung loro kang isih wutuh.
Tuladha
: Dhadha menthok, buku gambar, buntut urang
2. Tembung camboran
tugel, yaiku tembung camboran kang dumadi saka tembung loro nanging tembung mau
saka wancahan wanda mburi karo wandha mburi.
Tuladha
: lunglit, ndhekwur, dubang
·
Tembung camboran manut tegese, yaiku ana 2 :
1. Tembung camboran
tunggal, yaiku tembung camboran kang dumadi saka tembung loro dirangkap dadi
siji, nanging tembung siji lan sijine wis ora bisa dipisah maneh ( nduweni
teges anyar )
Tuladha
: semar mendem, sido mukti, buntut urang
2. Tembung camboran
wudhar, yaiku tembung camboran kang dumadi saka tembung loro sing dirangkep
dadi siji nanging tembung siji lan sijine isih duwe tugas dhewe dhewe.
Tuladha :
wayang kulit, pager bata, sega goreng
luwih cetha gatekna tabel ing ngisor iki :
1. Camboran Wutuh
a.
|
Bakul kacang,Pamong desa, jaga baya, Meja tulis, Lemari
kaca, Buku gambar, Pager kayu, lsp
|
b.
|
Anjani putra, Pancasila, Barata yuda, Dwiwarna, Wijaya
kusuma, Parameswari, Pancawala, lsp
|
c.
|
Lanang wadon, Bapa biyung, Abot entheng, Gedhe cilik,
Yayah wibi, Nom tuwa, Endhek dhuwur, lsp
|
d.
|
Dewa-dewi, Putra-putri, Mahasiswa-mahasiswi,
Bathara-bathari, Yaksa-yaksi, Widara-widari, lsp
|
e.
|
Bibit kawit, Edi peni, Jalma manungsa, Jaran kepang, Ajur
ajer, Cekak aos gagah prakosa
|
2. Camboran Tugel ( Wancah )
Tembung
camboran wancah
|
Tugelan
siji
|
Tugelan
loro
|
Bangsuk
|
Abang
|
Pucuk
|
Bangjo
|
Abang
|
Ijo
|
Barbeh
|
bubar
|
Kabeh
|
Barji
|
Bubar
|
Siji
|
Dhegus
|
gedhe
|
Bagus
|
Dhekmu
|
gedhe
|
Lemu
|
Dhekwur
|
endhek
|
Dhuwur
|
Dhelik
|
gedhe
|
Cilik
|
Dhemes
|
gedhe
|
Lemes
|
Dubang
|
idu
|
Abang
|
Gaji
wakma
|
Sega-siji
|
Iwake-lima
|
Jiro
|
siji
|
Loro
|
Jitus
|
siji
|
Satus
|
Kakkong
|
tungkak
|
Bokong
|
Kongel
|
bongkot
|
Pucuk
|
Kwelem
|
kweni
|
Pelem
|
Lunglit
|
Balung
|
Kulit
|
Mahrep
|
mlumah
|
Mengkurep
|
Nasgithel
|
panas
|
Legi-kentel
|
Paklik
|
bapak
|
Cilik
|
Perko
|
Emper
|
Toko
|
Rengning
|
ireng
|
Kuning
|
Saerah
|
sae
|
Murah
|
Tahteng
|
mentah
|
Mateng
|
Tekting
|
entek
|
Nglinting
|
Tingwe
|
nglinting
|
Dhewe
|
Thukmis
|
bathuk
|
Klimis
|
Wandhak
|
dawa
|
Cendhak
|
Posted by 11:43:00 PM and have
0
komentar
, Published at
No comments:
Post a Comment