tempat mencari beberapa materi pelajaran

Cangkriman

Cangkriman

http://adf.ly/1YmNgD
    Cangkriman iku unen-unen utawa tetembung sing kudu dibatang utawa di bedhek maksude. Cangkriman uga di arani badhekan. Miturut wikipedia Cangkriman yaiku unèn-unèn utawa ukara kang kudu dibatang. Cangkriman umumé kanggo gégojégan. Ana uga cangkriman kang digawé sayembara ing lakon wayang. Cangkriman ana werna-werna, ya iku: cangkriman wancahan, pepindhan, lan blèndèran (plèsèdan). Ana uga wangsalan kang dijawab dhéwé. 
 
Cangkriman iku kapérang dadi telu, yaiku:

  • cangkriman kang awujud tembung wancahan.
  • cangkriman kang awujud pepindhan utawa irib-iribing barang.
  • cangkriman kang ngemu surasa blenderan 
a). Awujud tembung wancahan
      Wancah iku tegese cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun seka gatra kang ana. Contone:
  • Pak beletos : Tapak kebo lelene satus
  • Pak bomba, pak lawa, pak piyut : tapak kebo amba, tapa ula dawa, tapak sapi ciyut
  • Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng
  • Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : klobot ginawa entheng, gentheng digawa abot.
  •  Burnas kopen: Bubur panas kokopen.
  •  Gerbong tulis: Pager kobong watune mendhelis.
  • Kicak ketan: Kaki macak iket-iketan.
 b). Awujud pepindhan (emper-emperan)
        Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya kanyatane. Contone:

  • Sega sakepel dirubung tinggi : salak
  • Pitik walik saba kebon : nanas
  • Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong : kates
  • Pitik walik saba meja : sulak, kemoceng.
  • Bapak Demang klambi abang yen disuduk manthuk-manthuk: Jawab: Bunga (jantung) pisang
  •  Dikethok malah tambah dhuwur. Jawab: Celana panjang.
  •  Emboke wuda anake tapihan. Jawab: Pohon bambu dan anaknya
 c). Awujud plesedan utawa blenderan
         Cangkriman blenderan iki cangkriman iki sejatine ukara pranyatan kang bisa gawe bingung yen macane salah. Contone:
  • Ora usah mutung. Mutung apa? Mutung kesarung (lutung kasarung).
  • Biru bisane dadi wungu dikapakake?. Jawab: Digebuk
  • Gajah numpak becak ketok apane? Jawab Ketok ndobose
  • Wong dodol tempe ditaleni (Orang jual tempe diikat). Jawab: Yang diikat bukan orangnya tetapi tempenya (Orang jual tempe di pasar tradisional. Tempe dibungkus daun jati atau daun pisang kemudian diikat pakai tali bambu atau lainnya).
  • Wong dodol klapa dikepruki (Orang jual kelapa dipukuli kepalanya). Jawab: Yang dikepruk bukan orangnya tetapi kelapanya (Orang jual kelapa di pasar tradisional).

d). Awujud sinawung ing tembang, Umume yaiku tembang Pucung. tuladha (contoh) :

Bapak pocung cakemu marep mandhuwur,

sabamu ing sendhang,

pencokanmu lambung kering,

prapteng wisma si pocung muntah guwaya

(batangane = klenthing/jun)

Bapak pocung renteng renteng kaya kaliung

dawa kaya ula

pencokanmu wesi miring

sing disaba si pucung mung turut kurha 

(batangane : sepur)



share this article to: Facebook Twitter Google+ Linkedin Technorati Digg
Posted by Unknown, Published at 1:23:00 AM and have 0 komentar

No comments:

Post a Comment